Sabtu, 15 Juni 2013

menyambut HUT Bhayangkara 67

Kapolsek nang pasar kesiman
humas new;
16/06/2013, dino minggu isuk kiro-kiro jam 07.30 wib sing di pandegani karo Kapolsek Trawas AKP Sukarni, Kasium Aiptu Basuki.SIP, kanit Binmas Aiptu Suhartono, Kanit Patroli Aipda I Komank ky karo Kanit Intelkam Aipda Isrofi eko.s lan kuuwabeh anggota polsek trawas sak bojone pisan , nganakno kegiatan yoiku kerja bhakti .

Sasaran kerja bhakti sing di adakno Polsek trawas yoiku Pasar Tradisional desa Kesiman Kec. Trawas Kab. Mojokerto, merganre nek disawang yen pasar kesiman kuwi rodok-rodok rusuh koyok e kurang perawatan .

kasi humas nyusuk i tembok
Kapolsek Trawas merintahno nang kabeh anggotane kudu nggowo peralatan korvey mulai teko sapu, arit, kuas lan sak pinunggalane .

Sampek tekan lokasi, kabeh anggota langsung mergawe sing diawali karo Kapolsek yoiku ngresik i suket-suket disik .

sakmarine suket wes resik, anggota onok sing ngresik i pager tembok pasar sing tujuane kate di cet .

Kegiatan koyok mengkono kuwi oleh sambutan positif soko Kepala Desa Kesiman Drs. H. Suaedi Ghofar lan perangkate kabeh, sing di wujudno karo nyumbang cet putih gae ngecet pager .
mbabati suket
Sakliyane kuwi yo disambut karo Mantri karo ngekek i suguhan kopi karo ote-ote campur tahu goreng .

Suasana sing koyok mengkono kuwi langka sing iso ndadekno akrabe perangkat deso, mantri pasar lan wargo karo anggota sing teko polsek trawas .

kegiatan koyok mangkono kuwi wujud e rangkaian kegiatan dalam rangka nyambut HUT Bhayangkara sing ke 67, mugo-mugo kegiatan koyok mangkono kuwi iso sinambungan sak teruse, (by humas)